Sabtu, 09 Maret 2019

Pembukaan Jamaah Yasin (Bahasa Jawa)


Assalamu’alaikum Wr Wb

Angudubillahiminassyaitonnirojim Bismillahirahmanirrahim

Assholatu wassalamu’ala ashrofil ambyai wal mursalin sayidina wamaulana muhammadin, wa’ala alihi wasohbihi ajma’in ama bakdu.
Al mukarom, Bapak Kyai saha sedaya alim, ulama, ingkang tansah kawula to’ati, fatwa-fatwa ‘ipun
Dumateng ibu…………..sekeluarga ingkang kawula hormati, saha ibu-ibu jamaah yasin sedaya ingkang kawula hormati ugi.
Mboten kesupen, sumangga, kita sareng-sareng muji syukur dumateng ngarsanipun gusti Allah SWT (Subhanahu Wata’ala) ingkang sampun paring rahmat, taufiq, hidayah saha inayahipun, dumateng kula lan panjenengan sedaya, sehingga kula lan panjenengan sedaya saget angrawuhi pamaosan surat yasin saha tahlil wanten ing detik saha punika, kanthi mboten manggihi alangan setunggal punapa.
Kaping kalihipun, shalawat saha salam tansah kunjuk atur, dumateng junjungan kita Nabi Akhirul Zaman, Nabi Muhmammad SAW, Shalallahu Alaihi Wassalam ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafaatipun ila yaumil kiamah. Amin-Amin ya Robbal alamin.
Kaping tigapun, mboten kasupen kawula ngaturaken agungipun panuwun, dumateng ibu……………. Sekeluarga, ingkang sampun kersa, ngekhlasaken dalemipun, kangge ngawontenaken pamaosan surat yasin saha tahlil, wonten ing detik siang punika mugi-mugi niat ibadahipun ibu………… sekeluarga, sageta kacatet dados amal ingkang sahe, ingkang barokah, manfaat maslahah fiddini wadunya wal aqiroh.
Mboten kasupen, ugi kawula aturaken agungipun panuwun dumateng ibu-ibu jama’ah yasin sedaya ingkang sampun kersa mengekhlasaken jiwa saha tenaganipun, kangge pemaosan surat yasin saha tahlil wonten ing punika majelis, mugi-mugi niat ibadah kulo, lan penjenengan sedaya, kacatet dados amal ingkang sahe, ingkang barokah, manfaat maslahah fiddini wadunya wal aqiroh. Amin-Amiin Ya Rabbal ‘Alamin.
Sak derengipun pamaosan surat yasin saha tahlil kita wiwiti, sumangga kita sareng-sareng maos surat al fatehah mugi-mugi pemaosan surat yasin saha tahlil wanten ing detik siang punika saget lancer mboten alangan setunggal punapa.
Liridho illa wabi syafa’ati Rasulillah, lahumul Fatihah…
Sak lajengipun, sumangga kita sareng-sareng maos shalawat badar kaping tiga.
Shollu’ala nabi…
            Kita lajengaken pemaosan Surat Yasin saha tahlil, imam kawula aturaken dumateng ibu…….
            Wekdal skars sampun cekap, sak lajengipun maungidoh hasanah, saking Bapak Kyai Haji Tamami. Dumateng Bapak Kyai Haji Tamami kawula aturaken.

TEKS PENUTUP
            Mekaten kawula “maungidah hasanah” saking Bapak Kyai Haji Tamami, mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya, saget mendet intisaripun, saget ngamalaken wanten ing ibadah kula panjenengan sedaya, saget kecatet dados amal ingkang sahe, ingkang barokah, manfaat mashlahah fiddini wadunya wal aqiroh.
            Ing mriki, kula minangka pranata adi cara, ngaturaken agungipun panuwun dumateng ibu ingkang sampun sadaqoh, arupi punapa kemawon, mugi-mugi saget barokah, manfaat, maslahah, fiddini wadunya wal aqiroh. Amin-Aamin Ya Rabbal Alamin.
            Pemaosan surat yasin saha tahlil, dinten Jum’at ingkang bade dating, wonten dalemipun ibu……….pranata adi cara, ibu…………, imam, ibu…………, do’a, ibu……………….
            Mekaten ingkang saget aturaken, mbok bilih anggen kawula matur saking kawitan ngantos pungkasan wonten atur ingkang lepat, ingkang ndadosaken cuwa ing penggalih panjenengan sedaya. Kawula nyuwun agungipun sih samudra pangakasami.
            Akhirul Kalam Wabillahi taufiq wal hidayah.

            Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Catatan :
Ø  Teks Saget dipun rubah
Ø  Wancinipun pemaosan shalawat Nariayah dipun tambahaken “Dumateng ibu Hj. Muchtatimah Yasin Yusuf”
Ø  Pemaosan Surat Yasin dipun gantos pemaosan Shalawat Nariyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar